TUGAS AKHIR SEMESTER
Analisis Tembang “ Jambu
Alas “
![](file:///C:/Users/JUingga/AppData/Local/Temp/msohtmlclip1/01/clip_image002.gif)
Dening :
1. Istiqomah
( Ketua
)
( 16 )
2. Desi Retno
Palupi
( 05 )
3.
Fitriningsih
( 11 )
4. Garnis Segi Regiani
Agustin
( 13 )
5. Laili Wiji Astuti
( 19 )
6. Tia Fenti
Yatmasari
( 30 )
Kelas : 2 Akuntasi 2
Sekolah Menengah Kejuruan
Negeri 1 Tempel
Jl. Magelang Km.17
Tempel, Sleman, Yogyakarta ( 55552 )
Tahun Pelajaran 2010 /
2011
ATUR SAPALA
Assalamu’alaikum.wr.wb
Sedaya puji
konjuk dhumateng ngarsanipun Allah SWT ingkang maringi kasarasan lan
kawilujengan. Satemah saged ngrampungaken Tugas Akhir Semester Genep menika.
Tugas menika dipuntulis kanthi ancas
mugi-mugi samangkih saged nggadahi paedah anggenipun analisis tembang-tembang
Jawi, mliginipun campursari.
Raos panuwun
dipunaturaken dhumateng pihak-pihak ingkang sampun paring pambiyantu kangge
ngrampungaken tugas inggih menika:
1. Ibu Dra. Nuning Sulastri,
minangka Pangarsa SMK N 1 Tempel.
2. Ibu Endah Martati, S.S.,
minangka dwija Basa Jawa lan Pembimbing.
3. Tiyang Sepuh tim penyusun sedaya ingkang sampun
nyengkuyung lan paring donga.
4. Kanca-kanca ingkang
sampun saiyeg saeka praja.
Mekaten atur
panulis tugas analisis tembang campursari. Bilih wonten kekirangan lan
kalepatan tim penyusun nyuwun agunging pangapunten lan panulis tansah
ngantu-antu panyaruwe saking para kadang sedaya saha pamrayogi kangge langkung
saenipun makalah analisis tembang campursari menika. Nuwun.
Wassalamu’alaikum wr.wb.
Tempel, 27 April 2011
Timpenyusun
ISI
I . LATAR
BELAKANG
A. Tegesipun tembang
campursari
Campursari mujudaken salah sawijining wujud
kesenian tradhisional ingkang lair lan tuwuh ing Tanah Jawi. Campursari inggih
menika satunggaling jenis tembang Jawi ingkang sejatinipun campuran saking
gamelan Jawi lan piranti musik modern. Campursari ngemot aspek seni maneka
warna. Katitik saking lagu ingkang asring dipunangge, campursari saged awujud :
1. Lagu dolanan
2. Langgam
3. Macapat, lsp.
B. Alasanipun milih tembang
Jambu Alas
Alasanipun milih tembang Jambu Alas inggih
menika amargi:
1. Tembangipun sampun
misuwur.
2. Tembangipun gampil
dipunapalaken.
3. Tembangipun kapenak
dipunmirengaken.
4. Bahasanipun gampil
dipunmangertosi.
5. Gampil dipunanalisis.
C. Tembang Jambu Alas
Kelingan manis eseme
Trus kelingan ramah gemuyune
Tresna lan kasih, kasih sayange
Karep atiku klakon dadi bojone
Sayange wis nduwe bojo
Nanging aku, aku wis kadhung tresna
Nelangsa rasane ati
Yen aku ora klakon melu
nduweni
Jambu alas kulite ijo
Sing digagas wis nduwe bojo
Ada gula ada semut
Durung randha aja direbut
Sumpah ning batin, yen kula tidak dikawin
Tekad ing ati ora bakal luru ganti
Sumpah wis janji, arep sehidup semati
Seneng sedhih bareng-bareng dilakoni
Jambu alas ndhuk, manis rasane
Snajan tilas tak enteni randhane
D. Terjemahan tembang Jambu
Alas ing basa Indonesia
Teringat manis senyumannya
Terus teringat ramah senyumannya
Cinta dan kasih, kasih sayangnya
Membuat hatiku ingin jadi pendampingnya
Sayangnya sudah punya pendamping
Tapi aku, aku terlanjur cinta
Merana rasa dihati
Jika aku tak bisa memilikinya
Jambu hutan kulitnya hijau
Yang dipikir sudah punya pendamping
Ada gula ada semut
Belum janda jangan direbut
Sumpah dihati jika saya tidak dikawin
Tekad dihati tak akan cari pengganti
Sumpah sudah janji akan sehidup semati
Suka dan duka sama-sama dijalani
Jambu hutan Dik, manis rasanya
Meski bekas kan kutunggu jandanya
E. Paedah lan ancasipun
panulisan
1. Paedah ingkang
dipunkarepaken panulis inggih menika :
a. Nambahi seserepan.
b. Nglestantunaken budaya
lan sastra Jawi.
c. Nepangaken tembang
campursari dhumateng masyarakat.
d. Nyaosi gegambaran bab
tembang-tembang campursari kagem masyarakat.
e. Ngormati tembang-tembang
campursari.
f. Nepangaken
gamelan-gamelan Jawi dening masyarakat.
Paedah analisis tembang inggih
menika :
a. Mangertosi isi lan
maknanipun ingkang wonten tembang-tembang campursari.
b. Nggadahi gegambaran bab
tembang-tembang campursari.
c. Tembang-tembang
campursari saged kagem nglipur ati.
2. Ancas Panulisan
Ancasipun panulisan tugas inggih menika :
a. Kagem tugas akhir
semester.
b. Nambah seserepan bab
tembang campursari.
c. Nganalisis isi lan
piwulang tembang campursari.
d. Mangertosi isinipun
tembang, mboten namung tembangipun.
II. ANALISIS
A. Sejarah Campursari
Campursari dipunpopuleraken dening Manthous
wonten ing tahun 1980-an kanthi nglebetaken piranti musik modern wonten
gamelan. Lajeng kanthi cepet mlebet unsur-unsur enggal kados langgam Jawi (
kroncong ) serta ususanipun dangdut. Kirang langkung tahun 2000-an sampun
dipuntepangaken maneka warna campursari. Sinaosa campursari kathah ingkang
ngritik kaliyan pandhemen murni musik menika, ananging sedaya pihak sampun
sarujuk bilih campursari saged manunggalaken musik ing tanah Jawi.
Katitik saking instrumen ingkang
dipunangge, bebarengan kanthi trep ngantos kapenak dipunmirengaken.Gabungan
instrumen kasebat dipunangkah supados tinemu harmoni seni campursari.Instrumen
campursari ingkang asring dipunangge inggih menika :
1. Kendhang
4. Rebab
2. Demung
5. Piano
3. Gong
6. Gitar, lsp.
Lelagon campursari asring dipunangge kangge
:
1. Nglipur ing pahargyan
mantenan, supitan, tasyakuran.
2. Wayang kulit.
3. Kethoprak.
B. Tokoh-tokoh Campursari
Tokoh-tokoh Campursari ingkang kondhang
inggih menika :
1. Manthous
4. Suyahni
A. Analisis isi tembang Jambu Alas
Isinipun tembang Jambu
Alas ingkang saged kapethik inggih menika :
Wonten tiyang kakung
lan putri ingkang nandang katresnan. Nggadahi prasetya badhe sesarengan nggayuh
katresnan dumugi tekaning pati. Remen lan susah bakal dilampahi sesarengan.
Tresna lan asih sami-sami disoaken, ananing mboten mangertos menapa tiyang
putri menika mbelanjani janji lan nilaraken tiyang ingkang sampun ditresnani
piyambakipun. Ninggalaken tanpa mboten mangertosi sebabipun. Tiyang kakung
menika puguh mboten saged nglalekaken tiyang wadon ingkang dipuntresnani.
Lumampahing wekdal mboten nginten-inten tiyang wadon ingkang dipuntresnani
sampun nggadahi garwa. Amargi sampun tresna tanpa upami, tiyang kakung menika
mboten saged nilaraken rasa tresnanipun. Mila piyambake nggadahi prasetya bakal
nengga randhanipun sanajan mboten saged nggadahi prawanipun.
B. Analisis Paramasastra
1. Tembung Lingga
Tembung lingga inggih
menika tembung ingkag dereng dipunowahi saking asalipun. Wonten tembang Jambu
Alas, tembung lingganipun inggih menika :
- tresna - melu
- kasih - rasa
- karep - ganti
- tilas
2. Tembung Andhahan
Tembung andahan inggih
menika tembung ingkang sampun
katambahan ater-ater, seselan, lan panambang.
Tembung andhahanipun
wonten ing tembang Jambu Alas inggih menika :
- nduwe : n - + duwe
- kelingan : ke- + eling + -an
- sayange : sayang + -e
- bojone : bojo + -ne
- kelakon : ke- + lakon
- nduweni : n- + duwe + -ni
- kulite : kulit + -e
- digagas : di- + gagas
- direbut : di- + rebut
- dikawin : di - + kawin
- tekading : tekad + -ing
- sehidup : se- + hidup
- semati : se- + mati
- rasane : rasa + -ne
- randhane : randha + -ne
- gemuyune : guyu + -em- + -ne
3. Tembung Rangkep
Tembung rangkep inggih
menika tembung ingkang diwaos kaping pindho, saged sakabehing tembung utawi
namung sawanda kemawon.
Tuladhanipun
wonten ing tembang Jambu Alas
inggih menika :
- bareng-bareng
- gemuyune
4. Tembung Camboran
Tembung camboran
inggih menika tembung kalih utawa luwih ingkang dirangkep dados satunggal.
Tuladhanipun wonten
tembang Jambu Alas inggih menika :
- sehidup-semati
- seneng-sedhih
5. Tembung Tanggap
Tembung Tanggap inggih
menika tembung lingga ingkang angsal ater-ater tripusara ( dak- , ko -,di-)lan seselan –in.
Tuladhanipun wonten
ing tembang Jambu Alas inggih menika :
- digagas : di - + gagas
- direbut : di - + rebut
- dikawin : di - + kawin
- dilakoni : di - + laku + -an + -i
6. Ayahanipun Tembung
Ayahanipun tembung
wonten ing Bahasa Indonesia dipunarani “ Jabatan Kalimat “. Ayahane tembung ateges madosi peranganipun ukara ingkang
dipunarani Jejer, Wasesa,
lan Lesan.
Tuladhanipun ayahan
tembung wonten ing tembang Jambu Alas inggih menika:
- Jambu alas kulite ijo
J
- sing digagas wes duwe bojo
J W L
- Jambu alas nduk, manis rasane
J L
7. Tegesipun Tembung
Tegesipun tembung
wonten ing tembang Jambu alas inggih menika :
- luru
ganti : Mboten badhe pados
gantosipun
- kadung tresna : Kebacut tresna
8. Tembung Plutan
Tembung plutan inggih
menika wandanipun kalih ingkang dipunrangkep dipadosaken sawanda
Tuladhanipun wonten
ing Tembang Jambu Alas inggih menika :
- uwis : wis
- terus : trus
- gendhuk : ndhuk
- senajan : snajan
- kelakon : klakon
C. Analisis Basa
Basa ingkang
dipunginakaken wonten ing tembang Jambu Alas inggih menika :
1. Basanipun campuran, amargi wonten tembang
menika ugi migunakaken basa Indonesia. Tuladhanipun ing syair “ada gula ada
semut, kula tidak dikawin, sehidup-semati “.
2. Basa ingkang dipunginakaken bahasa saben
dinten saengga gampil dimangertosi saha anggenipun analisis.
D. Analisis piwulang budi pekerti wonten
sajroning tembang Jambu Alas
Budi pekerti ingkang
wonten ing tembang Jambu Alas inggih menika :
1. Pados garwa menika mboten amargi sae
rupanipun, ananging tindak tandhukipun ugi kedah dipunutamakaken.
2. Sinaosa tresnanipun menika mboten saged
diicali,ananging sedaya menika dipun tampi, bilih tiyang ingkang dipuntresnani
menika sampun kagunganipun tiyang sanes, ingkang kasebat wonten syair “sayange
wis nduwe bojo nanging aku,aku wis kadung tresna, nelangsa rasa ning ati”.
3. Menawi kapingin nggadhahi garwa menika, ampun
ngantos ngrusak bale samahipun tiyang sanes, sanajan tiyang sanes menika tilas
pacangipun.
4. Anggenipun bebrayan menika, remen lan susah
kedah dilampahi sesarengan, saged ngormati satunggal lan satunggalipun.
5. Kedah tansah nggadahi raos tresna marang
sisihanipun supados uripipun tentrem.
III. PANUTUP
A. Dudutan
1. Tembang jambu alas menika salah satunggaling
tembang campursari ingkang dipunremeni masyarakat.Tembang jambu alas menika
nyeritaaken pasangan ingkang dipuntinggal wadonipun lan ingkang jaler mboten
saged nglalekaken tiyang wadon ingkang dipuntresnani.
2. Tembang campursari menika mboten kalah
saenipun kaleh tembang-tembang sanesipun. Buktinipun mboten namung masyarakat
Jawi ingkang ngremeni tembang campursari, ananging tiyang mancanegara sampun
mangertos bab campursari, satemah tiyang mancanegara kapingin sinau tembang
campursari.
3. Tembang campursari saged ical menawi
masyarakat Jawi mboten kersa nglestantunaken, inggih menika kanthi cara ngawontenaken
lomba-lomba nembang campursari wonten ing sekolah-sekolah, kangge piranti
nepangaken tembang campursari dhumateng para mudha-mudhi.
B. Saran
1. Kagem panganggitanipiun, menawi ndamel tembang
campursari, ukaranipun kedah ingkang sae, amargi wonten tembang ingkang
ukaranipun menawi dipunmirengaken kirang sae.
2. Dipuntambahi budi pekerti ingkang luhur
dituladhani kaliyan masyarakat.
3. Tembang campursari sakmenika sampun
dilalekaken, amargi wonten tembang-tembang sanes ingkang langkung dipunremeni
masyarakat. Kedahipun wonten tindakan khusus saking pemerintah supados
campursari menika tetep ngrembaka.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar